JAKA TINGKIR
———————————————————————————————————————
Jeneng
asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka
bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet
umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka
Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek
anak dening Nyi Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu
meguru.
Mas Karebet
nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh
menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke
karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka
Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing
omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah
ganjur (ngurusi
mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah
wiratamtama.
Ing
sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang
diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer
lan umuk, arane Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit
iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga
saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak
Jaka
Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah
kang bisa ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka
Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng
Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil.
Rombongane
Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing
tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu
kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka
Tingkir nganti tekan sebrange kali.
Tumekane
ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan
digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi
polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus
prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora angel
anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak
ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh.
Kasektene
Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi
Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana.
Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto
ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih
kapetung sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat
(putra mantu Sultan Trenggana kang dadi bupati Jepara).
Arya
Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan
Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah.
Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga
isih ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara
terang-terangan.
Mula
dheweke nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati
lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau.
Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng
Pemanahan).
Sawuse
prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang
Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang
sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar
Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi
pangkat ngabehi.
Ki
Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng
Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah
Mataram. Nganti taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki
Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang
ngerti kahanan mau, coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah
Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing
Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang.
Sunan
Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib
sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan
wajib ngadep mring Pajang.
Ki
Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram
ing tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi
laporan uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan
(ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton( anakke
Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang
disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk
pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake
Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luuput dening
Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan
Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah,
banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen.
Ana
ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun
ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka
Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah prajurit pratama.
Ing
sawijine dina, Sultan Demak perlu nambah 400 prajurit tamtama. Calo-calon lurah
mau kudu wong sing kuwat, lan sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran
kango ndaftar prajurit tamtama. Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu.
Dheweke jejaka saka desa sacedhake Kraton Demak. Praupane medeni, kumisi dawa,
kurang tata krama, lan suba sita. Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi
uwong kang kebal marang kabeh jenise gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.
Meruhi
Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng.
Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji
nganggo sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu
kalah lan dadi patine.
Sultan
Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni.
Jaka Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan-
paran. Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh.
Sawise ilmu kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka
Tingkir, dheweke didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak.
Ing
alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi
ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau.
Sultan kang mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang
prajurite supaya mrentah marang Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka
tingkir kang wis duweni ilmu kang akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing
tengah alun- alun lan dheweke gampang wae anggone ngalahake kebo mau.
Sultan
Demak kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana
ing Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka
Tingkir dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo
tandha pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala.
Lan dadi lurah kang apik, tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra
mantune Sultan Demak
http://dewakhrisna999.blogspot.com/2013/02/cerita-ramayana-bahasa-jawa.html
amanat saka cerita:
1.
Golek ngilmu iku ora kudu soko sak
sumber , ngilmu iku biso dijupuk lan di oleh i utowo di ethuke soko pirang
pirang sumber.
2.
Nduweni sifat ora gampang puas yen
nuntut ilmu
3.
Dadi uwong iku ojo gumbedhe.
4.
Wong sing bijaksono iku bakal diajeni(di
hormati) marang wong liyane.
5.
Dadi pemimpin ingkang adil
6.
Dadi uwong kudu nduweni sifat
andhap ashor
7.
Sansaya akeh ngilmune, saya becik
budi pekertine
8.
Sapa nandur ala bakal panen ala
Carita iki
katujuaken kangge mbangun watak ingkang becik
marang siswa SD. Supaya siswa SD iku nduweni watak utawa budhi pekerti kaya
jaka tingkir. Dadi guru SD kudu menehi
tuladha kang bener lan mengko isoh digunakake urip neng masyarakat. Dadi murid iku
ojo gampang cilik ati (nyerah) golek ilmu iku sak akeh-akehe.pelajaran kang
isoh dijupuk marang cerito jaka tingkir iki mau wong sing duweni watak kang
bijaksana iku bakale di ajeni marang wong liyane dadine guru iku kudu wenehi tuladha marang muride supaya dadi pemimpin kuwi ura gumbede
ngandel – ngandel akmarang wong sing sak ngisor e.
Cerita iki
katujuakke kangge ngandhani marang siswa SD menawi cerita Jaka Tingkir iku saka
Jawa Tengah. Dicaritakake amarga siswa SD supaya bisa
ngerti budaya bangsa jawa.
Watak kang ana
ing diri Jaka Tingkir bisa kagunakake kanggo menehi tuladha marang bocah SD,
misale watak seneng golek ngilmu bisa diajarke marang siswa SD menawa golek
ngilmu iku ojo mung sak sumber nanging bisa golek ngilmu ing ngendi wae.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar